Kami adalah penyedia jasa penerbitan dan percetakan yang telah beroperasi sejak tahun 2016, dan bergabung menjadi anggota IKAPI dengan nomor 258/JTE/2023. Jika Anda memiliki naskah yang masih nganggur, daftar dan terbitkan bukumu sekarang !!!LIHAT PAKET TERBIT- Menulis Untuk Kemanfaatan -

no-pad-v widgetNoTitle noCapSlider

6/slider/Featured/16-9/1480

Selakarang

 


Selakarang

Penulis: Mauladi Rahmansyah

Tebal: 250 halaman

Ukuran: 14,5 cm x 20,5 cm

Harga: 95.000

ISBN: 978-602-50041-0-0


Ana pirang tetembungan sing arep nggo njuduli buku kiye. Dipilah-dipilih, mubang-mubeng, dewolak-dewalik, akhire kepilih judul “SELAKARANG”  sing kayane neng pengrungon keton “antik” sebab artine juga “antik”. Jane artine “selakarang” kuwe kotoran sing tumempel neng sirah, kuwe angger tumrap menungsa. Ana Bausastra sing nerangna “selakarang” nggo jaran.

Muji sukur banget dumateng Gusti Alloh, sing aweh pirang-pirang kenikmatan, diantarane bisa ngrampungi tulisan-tulisan sing dekumpulna neng buku kiye. Muga-muga “kotoran” sing tumempel neng siraeh sing nulis, ana manfangate, seora-orane dadi conto apik. Gede cilike nggo kenang-kenangan urip bebrayan.

Setuju ora setujune ketemu keri, sewise maca buku kiye. Genah isen-isene menungsa brayan urip bareng akeh bedane. Apa maning neng pemikiran, pemahaman, pokoke wis dadi lumraeh (hukum alam). Intine neng buku kiye sing dadi pembahasane, nggo ancer-ancer kuwe pemahamane, pengalamane sing nulis, ujar-ujare rumangsa teyeng ndean. Wani-wanine ngumpul-ngumpulna tulisan, dedadekna buku nggo penyemangat.

Gampangane nggo srana tukar kawruh, sebab esi akeh kurang-lewieh. Sebab sing nulis pancen esi cubluk. Pokoke pembaca budiman, sing bisa aweh penilean sing “obyektif” /nggo “nyempurnakna” buku kiye. Melu-melu ngrameni “dunia literasi” nggo sekabeane sing paham maring basa penginyongan (dialek Banyumasan).

Disisi lain melu nguri-uri basa ibu/basa pusaka. Neng tengah-tengah gemrungsunge “dunia literasi” nengkene siki-siki kiye, umume nganggo basa Indonesia. Malah buku kiye detulis nganggo “basa ibu” basa daerah. Sing akeh-akehe pada ngarani ndesani “kampungan” kurang “modern/populer” tapi ora papalah.

Sebisa-bisa nulise nganggo basa lumrah, ora ndakik-ndakik gawe mumet. Ewodene ana sing krasa mumet, utawane jemu, ya ngaso disit. Matur nuwun nggo sapa-sapa sing melu terlibat nyuksesna rampunge buku kiye Kanggo Penerbite. muga-muga bae, buku kiye nggo mancing buku-buku liyane, mburine sing detulis nganggo basa ibu/basa daerah.

Nggo mbuktikna, lamona nulis nganggo basa ibu kuwe ora “kampungan” ora ndesani. Sing aneh malah bocaeh dewek, wonge dewek sing ngarani. Muga-muga ana manfangate, ndadekna amal jariyah amin. Kritik, saran sing membangun tansah ditunggu ditampani kanti tangan terbuka. Muga-muga bae “dunia literasi” utamane sing detulis nganggo basa ibu/daerah, sengsaya moncer, sumunar, lestari, melu mbangun/mbentuk identitas/jati diri bangsa.


Tidak ada komentar:

Posting Komentar

Iklan Tersedia ads left available col-xs-12 col-sm-6 img-16-9

Iklan Tersedia <a href="wAC">ads left available col-xs-12 col-sm-6 img-16-9</a>
SPACE IKLAN - B1
10k / bulan
25k / 3 bulan

Iklan Tersedia ads right unavailable col-xs-12 col-sm-6 img-16-9

Iklan Tersedia <a href="wAC">ads right unavailable col-xs-12 col-sm-6 img-16-9</a>
SPACE IKLAN - B2
10k / bulan
25k / 3 bulan

Mungkin Kamu Sukacol-xs-12 col-sm-12 col-md-12 col-lg-10 col-lg-offset-1

8/grid/random/1-1/640