Kami adalah penyedia jasa penerbitan dan percetakan yang telah beroperasi sejak tahun 2016, dan bergabung menjadi anggota IKAPI dengan nomor 258/JTE/2023. Jika Anda memiliki naskah yang masih nganggur, daftar dan terbitkan bukumu sekarang !!!LIHAT PAKET TERBIT- Menulis Untuk Kemanfaatan -

no-pad-v widgetNoTitle noCapSlider

6/slider/Featured/16-9/1480

Iklan Tersedia ads left available col-xs-12 col-sm-6 img-16-9

Iklan Tersedia <a href="wAC">ads left available col-xs-12 col-sm-6 img-16-9</a>
SPACE IKLAN - A1
25k / bulan
60k / 3 bulan

Iklan Tersedia ads right unavailable col-xs-12 col-sm-6 img-16-9

Iklan Tersedia <a href="wAC">ads right unavailable col-xs-12 col-sm-6 img-16-9</a>
SPACE IKLAN - A2
25k / bulan
60k / 3 bulan

Priyawiyoga

 


Priyawiyoga

Novel Dialek Banyumasan

Penulis: Mauladi Rahmansyah

Ukuran: 14,5 x 20,5 cm

Harga: 130.000


Muji sukur maring Gusti Allah, sebab pitulungane bisa ngrampungi tulisan neng buku sing dejuduli “Priyawiyoga” kuwe. Tembung “Priyawiyoga” neng pengrungone penginyongan mesti kaya ora lumrah, utawane asing, sebab dijikot sekang tembung kawi. Sing pancen wis ora tau dienggo neng pergaulan lumrah.

Lah siki, tembung “Priyawiyoga” artine; pisah karo kang tinresnan, sedih, susah pisah kambi wong-wong sing ditresnani. 

Pancen neng zaman, sing lagi rame-ramene nganggo bahasa asing, utawa nganggo Bahasa Indonesia populer. Kiye malah nulis buku nganggo “Bahasa Ibu” Dialek Banyumasan. “Jelas-jelas nglawan arus”, apa maning sing maca mung wong-wong sing ngerti, utawa saben ndinane nganggo Bahasa Jawa Dialek Banyumasan.

Seora-orane neng kene, ana sing lagi dekarepna, paling ora kepenging nguri-uri njaga bahasa pusaka tinggalane leluhur. Mujudna bahasa ibu pancen esi bisa dienggo neng situasi jaman sing sengsaya mengglobal, era kesejagatan. 

Terusan maning, nalikane nulis nganggo bahasa ibu, rasane lewih kepenak terus trep pas ngambi sing lagi dekarepna. Senajan akeh uga rasane kaya wong ketilem, tapi tetep ana kemantepane bae. 

Neng buku kiye, umpamane ana jeneng sing pada tokoh-tokohe ora nguja. Sebab ana reka-reka, tapi nyrempet-nyrempet neng kenyataan sing sebenere. Neng buku kiye, akeh banget sing ora pas ngambi sing dekarepna, tetep degedhe pangampurane. Sebab sing nganggit, banget esi cubluk, apa maning urung mateng neng pengalaman, esi butuh sinau bareng-bareng ngambi sing lewih pinter, sing wis tingkate empu utawane master.

Pancen, angger ngemuti kepayuane buku kiye, malah kur gawe cilik ngati tok. Pog-pogane mengkone malah ora rampung-rampung. Tapi mbuh kepriwe carane, tetep kudu derampungna. Nggo mbuktikna apa sing lagi decita-citakna.

Neng kene, banget nyadare dalan singgemplang neng ngarep ora bakal lempeng, apa maning kepenak. Kadang ana pemikiran “gelem-geleme ya nulis, nganggo bahasa ibu, sapa sing arep gelem maca?” Aja-aja mung ngetutna karepe sing nulis tok, langka liyane maning? Kuwe ya wajar-wajar bae, mulane buku “Priyawiyoga” kiye muga-muga bisa nggered, mbukak dalan nggo metune buku-buku sing nganggo bahasa ibu, khususe Dialek Banyumasan liyane.

Sing gelem maca, dadi nggugah semangat gelem ngetut buri nulis nganggo bahasa ibu. Supayane sengesaya seneng, ora minder ngguwang pemikiran sing ngarani kampungan ora modern, kurang gaul angger nganggo bahasa ibu.

Pokoke tetep terbuka, nggo nampani urun rembug kanggo kemajuan sing murakabi sekabehane. Tetep semangat nulis, mbuh kaya ngapa kahanane ngambi lakon-lakon sing lagi diadepi. Muga-muga Gusti Alloh, tansah paring kekuatan lair batin, ngridloni ngambi apa-apa sing lagi dikarepna.

Kanggo wong tuwa loro, ramane biyunge, sengsaya sepuh, tetep sehat diparingi umur sing dawa, mulya dunia akherate. Ora bosen-bosen aweh donga, nggo anak-anak putune pada. Kanggo sedulur-sedulur kabeh, sing melu cawe-cawe supayane bisa ngrampungi buku “Priyawiyoga” kiye, Matur kesuwun muga-muga dadi amal ngibadaeh.

Semono uga kanggo kanca batir sinarawedi, sing dadi sumber bahan crita nekakna manfangat sing lewih gede maning. Kadang pancen menungsa kuwe, “gunung tanpa tutugan” ora nana poge. Meneng bae ora ngapa-ngapa salah, obah setitik ya salah.  Sing penting tetep muji sukur, maring Gusti Alloh sing paring pirang-pirang banget kenikmatan.

Mbuh cilike kaya ngapa, selagine ana manfangate nggo kebagusan tetep bae ana nilene ana regane. Ora bakal malah muspro, apa maning sia-sia. Mulane kudu tetep optimis, semangat nggayuh kautaman Ridlone Gusti Alloh, ana nile ibadaeh dunia akherat. Amin.


Tidak ada komentar:

Posting Komentar

Iklan Tersedia ads left available col-xs-12 col-sm-6 img-16-9

Iklan Tersedia <a href="wAC">ads left available col-xs-12 col-sm-6 img-16-9</a>
SPACE IKLAN - B1
10k / bulan
25k / 3 bulan

Iklan Tersedia ads right available col-xs-12 col-sm-6 img-16-9

Iklan Tersedia <a href="wAC">ads right available col-xs-12 col-sm-6 img-16-9</a>
SPACE IKLAN - B2
10k / bulan
25k / 3 bulan

Mungkin Kamu Sukacol-xs-12 col-sm-12 col-md-12 col-lg-10 col-lg-offset-1

8/grid/random/1-1/640